Rika Esih Ngudud? Apa Ora Wedi Mati? (Bahasa Ngapak Kebumen) - Sun Kebumen

Rika Esih Ngudud? Apa Ora Wedi Mati? (Bahasa Ngapak Kebumen)



Rika esih ngudud? Apa ora wedi mati?

Nang kene sapa sing ngudud cuuung? Keluargane rika, kakange rika, ramane rika, adine rika, mbahe rika, biyunge rika, apa malah rika dewek sing ngudud? Halah nek ngudud emang nengapa wong enak bee. Nek ora ngrokok ya kecut rasane. Kaya kue mbok? haha.
 

Rika termasuk ekspresi sing ndi nek maca artikel mbahase udud bae udud bae. Apa maning nek mbahase babagan kerugian ngudud kana kene akeh rugine wkwkw
Ekspresine nyong nek maca tulisan babagan udud

SEJARAHE UDUD
Kiye tek jlentrehna sending babagan udud. Nyong ya jane wis sue koh penasaran jane udud miki-mikine sekang ngendi. Bisa-bisane nggal dina mesti bae ketemu wong sing agi ngudud. Anu nyong ora ngerti rasane ya dadi penasaran.

4000 taun mbingkana, suku Indian, suku Maya, karo suku Aztec sekang Amerika wis nganggoni mbako sing dibakar terus disedot nganggo pipa. Kue wis dadi kebiasaan nek suku-suku pada kumpul ben hubungane tambah erat. Tapi seliyane nguatna hubungan suku-suku, akeh sing manfaatna mbako dinggo nang babagan medis utawa obat-obatan. Nek mbako nang suku Indian dinggo media ritual meng dewa-dewa.
 
Suku Indian ngudud nganggo pipa dawa
Nang abad-16 sing lewih terkenal karo jeneng “ekspedisi Colombus”, Christoper Colombus karo rombongane teka sekang Spanyol meng Amerika. Nang kana rombongan kue pada njejel nyedot mbako sing dibakar. Bar kue nang rombongane Christoper Colombus budaya “ngudud” digawa meng benuane, yakue benua Eropa.

Pas budaya ngudud wis digawa tekan benua Eropa, ana diplomat Perancis sing pengin nyebar budaya ngudud meng kabeh daerah nang Eropa. Jeneng diplomate Jean Nicot. Jean Nicot ya ngirim mbako mbarang meng Ratu Catherine de Medici nggo obat migran (lara sirah sebelah), ndilalahe ya jodo. Nggo kehormatan dadine kue jeneng diplomate dinggo nang istilah nicotiana/nikotin. Gara-gara kue kalangan bangsawan Eropa pada seneng ngudud. Ora kaya suku Indian sing manfaatna udud nggo upacara ritual, kalangan bangsawan Eropa ngudud kur nggo seneng-seneng tok.

Pokoke mbako tambah mengeneh tambah populer, dadi taneman sing bisa didadikna obat-obatan. Mbako bisa diarani obat sing mujarab. Mbako bisa disedot utawa didamu, ngudud nganggo pipa, dikunyah, lan dinggo ngrawat pileg, sirah lara, lara untu, kulit, karo penyakit nular.

Ana maning John Rolfe sing mbudidayakna wit mbako nganti skala sing gede, nganti ana perdagangan karo pengiriman mbako mengendi-ngendi.

Pass abad-17, bakul-bakul Spanyol mlebu Turki sing notabene negara Islam. Bar kue budaya ngudud gampang mlebu negara-negara lewat perdagangan.

Owalah lur lur. Arep dijlentrehna sending babagan mbako, malah dadi sadawan-dawan. Wong jebule sejarah kue dawa ya kepriwe maning ya hehehe.
-------
Sing urung ngerti risikone ngudud apa bae, Ya tek jlentrehna. Nek kiye insyaAlloh sending ya ora sadawan-dawan wkwkw
risiko wong ngudud apa bae jel
  • Kanker paru – paru
  • penyakit jantung
  • kanker mulut
  • kanker tenggorokan
  • kanker pancreas
  • kanker darah (leukimia)
  • kanker kandung kemih
  • ginjal
  • pengerasan pembuluh darah
  • bronkritis kronis
  • asma
  • TBC
  • lemak jahat tambah akeh
  • lan liya-liyane

Kuwe, medeni mbok? Akeh temen ya risikone. Ana maning kakehan ngudud raine dadi cepet kriput, raine ya dadi keton tambah tua. Tapi nek pancen tua, arep ngudud ora ngudud ya pada kripute hahaha

Tapi jenenge wong ngudud, kayong ora kena dinyang maning ya? Terus kepriwe jejel. NEK ORA NGUDUD, GENAH DADI …. 
  • Pait
  • Kecut
  • Ora fokus + dadi stress
  • Ora bisa turu
  • Dadi gangguan mental
  • Apa maning jel?
Urung maning derita dioprak-oprak biyunge karo mbekayune ben kon aja ngudud. Jan mumete ya hahaha

UDUD LEGAL APA ILEGAL?
Pemerintah nerapna pajak udud pada karo barang konsumsi legal liyane sing ana nang negara kiye. Yakue nang Undang-Undang Nomer 39 tahun 2007, lan pajak liyane sing diatur nang Peraturan Menteri Keuangan. Nek udud kue produk ilegal mesti negara ora bakal ngakuni udud dadi pungutan resmi nggo pendapatan negara. Nek udud kue produk ilegal, mesti ana hukum perundang-undangan sing ngatur babagan larangan produksi udud lan konsumsi produke.

Udud kretek sing dadi tonggak sejarah udud nang Indonesia ana loro komponen bahan bakune, yakue mbako karo cengkeh. Loro komponen bahan baku kue taneman perkebunan sing diakui dadi komoditas perkebunan sing ana nang Indonesia. Payung hukume Undang-Undang Nomer 39 Tahun 2014 babagan perkebunan.

NENGAPA NYONG GAWE TULISAN KIYE?
Wingi-wingi nyong ngerti nang beranda fesbuk ana sing mbagikna artikel babagan udud. Ya pancen ora salah, malah bermanfaat. Sing dilewih-lewihna nang sing mbagikna ya kue mbully wong ngudud nganah-ngeneh lan mbuh sapa sing dimaksudna.

Sing tek takokna nang awakku dewek, apa enggane keluargane apa tanggane ora ana sing nandur mbako utawane ngonsumsi produke? Dadine nyong mandan inisiatif nggolet info babagan mbako karo udud lan tek dadikna artikel kiye.

Nyong ora paham lan pancen ora nggolet data pira wong Indonesia sing nandur mbako. Tapi ndeleng Indonesia sing dadi negara agraris, wis jelas warga sing dadi petani lan bercocok tanam mesti ora sending. Lan bisa bae petani akeh sing nggantungna uripe sekang nandur mbako.

TERUS DEWEK KUDU KEPRIWE KIYE?
Pemerintah secara resmi mungut pajak udud. Legal ora? Ya legal.
Mbako karo cengkeh dilarang nang Indonesia? Ora, malah dadi komoditas perkebunan Indonesia.

Berarti….
Wong ngudud due hak perlindungan konsumen. Aturan hak kuwe penting mergane jodone hak mesti ana kewajiban. Sing ngudud nduwe hak nggo ngonsumsi udud, tapi deweke ya duwe kewajiban nggo ngormati hake wong liya sing ora ngudud.

Siki kudu pada-pada ngrumangsani.

Misale….
Tanggane nyong nandur mbako,
pamane nyong tukuni mbako nggo didol maning.
Ramane nyong ngudud,
kakange nyong ya ngudud mbarang.
Jebul sedulur kabeh ya….

Sing pengin keluargane ora ngudud, diomongi, dinei ngerti. Nek masalah bisa apa ora bisa mandegi udud, ya mesti nek diniati ya anu bisa. Nggari wonge dewek arep kepriwe.

Sing ngudud ya kudu ngrumangsani. Nyong dewek ora ngudud tapi istilahe dadi “perokok pasif” mergane wong sing ngudud ora ngormati hake wong liya sing ora ngudud. Dadi ben ora ana kahanan wong sing ora ngudud mendiskriminasi hak-hak wong sing ngudud, lan sebalike.

Nek dikulik maning ya jane akeh masalah kana kene babagan udud.

Misale maning…
Bocah SD wis ngudud asebul kaya kaki-kaki. Jan wis patut dadi wong tua.
Bar kuwe nggari wong tuane ngomong nganah-ngeneh mbully kana kene.
Ya genah-genah kuwe keluargane dewek, ya diomongi dewek. Tanggung jawabe keluargane dewek.

Nek ana wong tua ngudud angel diomongi, berarti dewek kudu ngrumangsani nek wis tua ya ngerti risikone ngerti akibate.

Sing genah…..
Selama kiye udud bisa gawe seduluran dadi cedek. Iya mbok? Nongkrong karo ngudud, ketemuan kudu ana udud, mbangun umah kudu ana mbako nggo ngudud sekalian klembake. Lan liya-liyane.
Sing genah maning, SALAHNA AWAKE DEWEK SEDURUNGE NYALAHNA WONG LIYA.

Nek ditakoni RIKA ESIH NGUDUD? APA ORA WEDI MATI?
Rika bisa njawab NEK MATI YA GARI NYELANG REK’E BATIRE.



Subscribe

Enter your email and get attractive offers from us

Setiap kata yang kita tulis adalah cerminan dari apa yang kita pikirkan.