Kene Kenalan Karo Blogger Ngapak Kebumen (Bahasa Ngapak Kebumen) - Sun Kebumen

Kene Kenalan Karo Blogger Ngapak Kebumen (Bahasa Ngapak Kebumen)



suningsih blogger ngapak kebumen

(Baca versi bahasa Indonesia : Kenalan Sama Blogger Ngapak Kebumen)

Nyong sih yakin bae nek sing maca tulisanku kiye urung pada ngerti nyong kue sapa. Ya pancen udu sapa-sapa sih hehehe. Kenalan disit, jenengku Suningsih bisa diundange Sun, Suning, Suningsih, Ningsih. Ya pokoke jenenge cendek tapi undangane akehe ngepol koh. 

Nyong jan asli Kebumen temenan. Lair klower nang Peniron, Dukuh Watu Cagak daerah nduwur, Kecamatan Pejagoan, Kabupaten Kebumen. Umahe biyung ramaku ya ora nang pucuk gunung banget, tapi pancen nek batirku sing wong-wong kota ngaranine nyong wong gunung. Ya wong pancen anane, ya kepriwe maning sih ya nggari disukuri.

Sekolahku ya ora duwur-duwur, TK be ora lulus. Hehehe ya maksude pancen nyong ora disekolahna TK karo biyunge dadine ora tau ngrasakna lulus sekang TK. Mbiyen nyong SD nang SD Negeri 3 Peniron lulus taun 2010, SMP-ne nang SMP Negeri 2 Pejagoan lulus taun 2013, SMK-ne nang SMK Negeri 1 Kebumen aring lor prapatan bale desa Karangsari.

Siki nyong agi sekolah maning nang Universitas Negeri Semarang sing jerene kampuse nang gunung (ya pancen sih nang Gunungpati), jurusan Kurikulum dan Teknologi Pendidikan, Fakultas Ilmu Pendidikan. Semester 5 ya tua lah itungane nek nang kampus kene.

Ngapa sih ya sekolah ko mawi suwe-suwe mawi duwur-duwur. Tapi jaman semene, menurute nyong sih ya nek arep nuruti gengsi arep golet kerja ya kayong angel temen hehehe. Ya mbok menawane sekolah mandan adoh nang Semarang mbok-mbok bisa ngangkat derajate wong tua. Minimale ya bisa ulih nasib sing lewih apik sekang wong tua sing kur lulusan SD.

Nyong wis gawe blog ping bola-bali awit jaman SMK kelas 1 tekan wingi-wingi. Ya kue sedina rong ndina nulis, ora tau nulis maning dadine nek pengin nulis maning malah password bloge kelalen.

Nek siki insyaAllah arep difokusna nang blog kiye. Sengaja blog nganggo basa jawa ngapak, mbok-mbok mbesuk tulisanku bisa dadi wacanan nggo wong-wong ngapak kan macane dadi kepenak. Tapi mbok ana wong luar ngapak sing pengin maca tulisanku, ya karo tek sediakna blog tulisan bahasa Indonesia.

Isi blogku ya apa bae sing wis tek alami sedawane urip. Ya maklum wong umur wis 20 taun kan akeh seneng susahe, moga-moga isa menghibur karo menginspirasi. Pokoke ben isa bermanfaat ora kur nggo nyong thok lah.

Isine ya intine tentang keluarga (wis genah sing nggedekna awaku sekang lair klower), pendidikan (senajan ora TK ya bisa mlebu universitas walaupun untung-untungan), nyong duwe kemampuan apa bae, ya kabeh lah dalan uripku tak jlentrehna nang blog kiye.

Dadine mbok menawane mengko dewek bisa kerja sama, ya sukur-sukur sing sebidang karo hobiku, alhamdulillah. Mulane aja kelalen dibagikna tulisanku, dikomen rika-rika pengin nyong nulis babagan apa (sing penting bermanfaat ya), karo langganan bloge nyong ben nek nyong ngupload tulisan ana pemberitahuan meng rika-rika.

Whatsapp ya bisa nang 085602611767 apa fesbuk Suningsih El. Instagram ya ana @suningsih_el nang kono ana sebagian portofolioku tek upload. Blak-blakan bae ya nyong wonge anu pancen ora seneng basa-basi. Apa maning ditakoni agi ngapa, wis madhang apa urung, jan nyong greget temenan nek dikayakuekna. Ya mbuh nyong thok apa ana wong liya sing kaya kue, tapi nyong pancen kaya kue wonge, bebeh nek dipadak-padakna karo wong liya.

Maning, ana sing ngechat nyong tapi kontake ora ana jenenge (nyong jarang nyimpeni kontake wong soale hp ne ganti-ganti). Nek ditakoni malah njawabe sapa jal, jal tebak sapa, sapa hayoo… gemlethek temenan nyong.





Ya intine nek ana butuh ngubungi kontak sing wis ana orapapa. Tapi nek bisa aja basi-basi. Hehehe. Salam ngapak, ora ngapak jere ora kepenak.

Subscribe

Enter your email and get attractive offers from us

Setiap kata yang kita tulis adalah cerminan dari apa yang kita pikirkan.