Nyong Lair Taun 90-an. Jan Kangen Jaman Cilik (Bahasa Ngapak Kebumen) - Sun Kebumen

Nyong Lair Taun 90-an. Jan Kangen Jaman Cilik (Bahasa Ngapak Kebumen)

Jejel sapa sing agi maca tulisane nyong, laire taun 90-an? Sebutna taun laire rika-rika pada. Nek nyong lair taun 1998, ya esih mandan nom lah ya hehehe. Mbuh nangapa ko nek krungu masa cilik kayong kupingku mandan sensitif. Ya ora kur kupingku tok sih, perasaane mbarang :D

Tek akuni dewek, nyong siki angel mlakune nek ora ana hp, apa maning nek ora ana kuota. Padahal mlaku ya anggo sikil ko ora anggo hp karo kuota, jan angele ya hahaha.

Jaman semene sirahe nyong ko kayong cepet banget gole mumet, apa merga wis tua, apa merga teknologi canggih sing cepet banget ngewei informasi nganti uteke kesel gole nampani? Ya ngonoh pada dijawab dewek-dewek.

Balik maning meng jaman 90-an. Siki-siki nek nyong wengi-wengi ora bisa turu nang kos dewekan, kadang-kadang seneng ngeling-eling jaman mbingkana. YaAlloh kayong kangen temen ya pengin bali maning meng jaman cilik.

Moga-moga bae siki nyong gole nulis ora karo nangis lah hahaha. Kiye sing tek bahas sing sering tek eling-eling nang nyong, mbok-mbok esih ana liyane ya ngonoh ditambahi dewek nang komenan ngisor.

1.      Gimbot

Dolanan sing tek rasa-rasa mbiyeng kayong istimewa banget. Nek nyong ngaranine gimbot, bahasa kerene ya tetris utawa gembot. Mbiyen biyunge mesti pada mumet ya nek ngadepi anake njaluk tuku gimbot. Nek nyong ora salah mbiyen regane 15.000, kue be tanggaku sing ditukokna mbekayune sing bar mranto nang Jakarta.

Jan jebule gampang temen ya jaman mbiyen oleh-oleh mranto enggane gimbot. Gimbot siji nggo rebutan bocah seumah. Siki nek arep tuku gimbot si nangendi ya. Nggo adine ben aja dolanan hp hahaha.

2.      Telpon kudu meng wartel
Jaman semana pas nyong esih cilik. Esuk-esuk setengah 6 ngintil biyunge meng wartel. Arep telepon mbekayune sing mranto nang Jakarta enggane kudu uput-uput mlaku sekilo meng wartel.

Mbiyen esih cilik nyong ora tau nganggo telepon nang wartel, kur ndelengi biyunge tok. Barang siki ora mawi meng wartel, dadine ya ora ngerti kepriwe rasane.

Kur nyong kelingan momen-momen gole mlaku adoh nggal esuk. Ya temenan gawe kangen.

3.      Udan-udanan karo plarakan
Kabeh umah mbok ana talang banyune ya? Nek mbiyen kesempatan nek udan, akeh batire, pada udan-udanan nang talang aring pinggir umah. Alesane nang biyunge ben sekalian adus.

Jamane nyong cilik bar udan-udanan, nggari plarakan aring latar ngarep ngumah sing kebek banyu. Nganti latare alus nek ana wong lewat gelem keplarak.

Ana maning sing tek kangeni. Udan gede, kalen ngarep ngumah kebek banyu. Kendang-kendangan karo batir-batir dolan. Padahal kalene nang sanding dalan akeh wong liwat, tapi ya ora denger isin.

Jajal batir-batirku sing mbiyen, siki pada sibuk nang endi wkwkwkw

4.      Busekan wangi
Nyong wis kelalen pira regane busekan wangi mbiyen. Sing genah meh kabeh bocah nang kelas nganggone busekan wangi, ya pancen pas era-ne. gone nganggo nganti cilik menthik esih dinggo bae.

Nek ora due busekan wangi ya nganggo pensil sing praktis, ana busekane nang nduwure. Nulis nganggo pensil, nek salah nggari dibalik pensile, dihapus. Sing mandan modern pas masa kue ya nganggo pensil sing isi ulang wkwkwk
Nek kelase wis mandan duwur kaya kelas 3 meng nduwur, nganggone pulpen. Ana sing nganggo pulpen mewah (siji pulpen warnane akeh, tapi mandan angel nyekele soale pulpene gendut).

Ana maning pulpen wangi sing jere ana narkobane. Tekan siki ya nyong ora ngerti kebenarane. Pancen ngertine kes lambe meng lambe tok wkwk

5.      Kitiran plastik
Diplintir-plintir ben bisa mabur. Mabure ta ora suwe tapi nek duwe kitiran plastik kiye rasane terpuaskan. Kaya dolanan apa bae menarik banget nggo dituku. Nek dieling-eling jaman semana ya melas karo biyunge ya jebule jalukane werna-werna, barang wis gede ora bisa aweh apa-apa hehehe.

Siki mbuh esih ana bakul kitiran mbuh ora. Nek ana ya sukur kena nggo eneng-eneng bocah ben mandan adoh disit kes dunia digital.

6.      Tulupan
Nyong bocah wadon tapi nek babagan dolan mesti karo bocah lanang. Jarang-jarang banget dolan karo batir wadon. Pisan pindho dolan karo batir wadon malah gelut, batire tek tangis hahaha

Mbiyen nek kakange digawekna tulup kes pring nang ramane, nyong kudu melu digawekna. Gole ngetes bolongane nganggo kertas cilik dirumpes, mbene didamu.

Bar digawekna tulup nggari dolan alas nggolet lempeni mentah nggo plurune. Lempeni sing mateng warna ungu dipangani. Pernah krungu jere lempeni kue empan ula. Tapi sengertiku empan ula buahe lewih gede sekang lempeni, dadine ya enak bae nek mangan lempeni wkwkw

7.      Balon tiup
Mbiyen pas nyong tuku balon tiup siji regane 100 rupiah, kena nggo bola bali. Tekan siki ya ilatku esih kelingan rasane balon tiup kaya ngapa.

Tapi siki kayane esih ana sing dodolan balon tiup senajan regane ya beda karo pas jamanku cilik. Soale ponakanku SD esih sering nggawa balon tiup nek bali sekolah. Dadine nek nyong weruh deweke agi dolanan balon tiup, tak deleng-deleng, tek guyu, jane ya nyong anu kelingan jaman mbingkana. Jebule wis tua ya siki haha.


8.      Parasut superhero
Pokoke nek kakange tuku apa, nyong kudu melu. Kudu pada. Misale tuku parasut hero. Wis ngrasakna terjun paying versi mini, walaupun tekan siki urung keturutan terjun payung, tapi masa cilik wis ngewei pengalaman wkw

9.      Ngeduki bengkoange wong
Kiye real life nggonku banget. Bali sekolah karo batir-batire, karo kakange, ngeduki bengkoange wong nang sanding kuburan. Senajan siki wis mandan kelalen mbiyen rasa bengkoang hasil nyolonge kaya ngapa, tapi nyong tetep pengin bali maning nang jaman mbingkana.

10.  Umpet-umpetan
Jaman siki esih ana bocah cilik dolanan umpet-umpetan. Pancen nek menghibur kue mesti maen nek dilakoni.

Jejel bae rika siki nek mumet bar kerja mikir kae mikir kiye, jejel diobati umpet-umpetan karo batir kerja. Yoh apa enggane mumete langsung ilang ya hahaha

11.  Brok-brokan
Nek nang daerahku jenenge brok-brokan. Pingsut disit ben ngerti sapa disit sing arep dolanan. Jamanku cilik umahe esih lemah. Dadine brok-brokan nang njero umah, lemahe digarisi nganggo pethilan gendeng.

Ana sing brok-brokan biasa, ana sing brok-brokan masjid. Paling nduwur ana bentuk kubahe. Wkwkw

12.  Betengan
Betengan mungkin filosofine sekang benteng mbok ya, kue nek menurutku dewek. Soale dolanane kaya mempertahankan bentenge dewek-dewek ben aja nganti diambah lawan. Ya walaupun betenge kur nganggo pethilan gendeng hahaha.

13.  Gosokan areng

Ora kur dolanan tok sing dipikirna kone biyunge, dadine ya dadi kelingan gosokan areng. Mbakar bathok krambil disit nang pawong nggo gawe bamba. Nek wis dadi bamba nggari disogna gosokan.

Kelingan mbiyen benike mbekayuku jaman SMK pada prithil gara-gara gosokane kepanasen haha

14.  Gosok metu gambare
Kiye pancen aku ngalami kes jaman SD kelas 1. Biyung-biyung gole pada ngomong sih “jan kreatif temen ya bakule”. Ya pancen ya kudu ngakuni pada-pada, apa bae bisa didol nggo bocah.

Tukune ya ora adoh-adoh, bakule wis marani nang ngarep sekolahan. Sekalian karo adol gulali, kepompong, lan esih akeh dolanan liyane.

Gole dolanan ta gampang. Kertas polose nggari digosok nganggo duit. Bar kue kan metu dewek gambare.

15.  Telpon kaleng
Nek kiye ora mawi lunga esuk uput-uput meng wartel. Nggari golet kaleng bekas susu krimmer 2, dibolongi, disogi tali, wis bisa nggo telponan karo tanggane jan. ora butuh pulsa ora butuh kuota haha

16.  Bepe bepe -an
Biasane gole dolanan wong-wongan utawa nyong gole ngarani bepe bepe-an, gawe umahe disit nganggo lemah dikotak-kotak nang ngarep ngumah. Wis kaya arsitek temenan pas jaman cilik. Bisa nentukna sebelah kene kamare sapa, sebelah kana kamare sapa.

Sing genah, wong-wongane diwei jenengan mbarang. Haha

17.  Nggolet tembukur
Nek nyong bali meng umahe biyunge nang Kebumen, tek sempet-sempetna nongkrong nangarep ngumah ngeling-ngeling jaman mbingkana. Bar kue nggari teka-teka nguthek-nguthek lemah wetan ngumah nggoleti tembukur.

Kewan mlakune mundur bae dadi daya tarik nggo bocah cilik ya wkwkw


18.  Dir – diran
Gole ndelengna batire dolanan ta gambang. Barang dolanan dewek ko kalahan nganti utang dir akeh aring batire. Mbuh batire siki esih kelingan apa ora karo utangku wkwk

Daerah liya biasane gole ngomong gundu, udu dir. Bahasa Indonesia ya kelereng.


19.  Layangan
Nyong kelingan banget kakange mbiyen gole gawe buntut layangan nganggo kertas bekas disambung-sambung nganti dawa banget. Gole nempelna kertas nganggo upa (sega). Maning-maning nyong bocah wadon ya ngintil bocah lanang layangan.


20.  Panggalan
Hebate bocah lanang pas cilik, dolanane digawe dewek, walaupun kadang sing mandan angel ya digawekna nang ramane. Nek kakangku mbiyen digawekna ramane, karo taline mbarang digulungna nang ramane nganggo sewekan sarung.

21.  Egrang
Pertama nganggo egrang mbiyen nangarep ngumah. Latian karo batir-batir sedina dadi. Gole latian nganti sikile kapalen ben isa balapan nganggo egrang.

Lah barang wingi-wingi njajal egrang maning ora bisa. Sih anu kepriwe ya. Apa kaboten awak siki.

Kepriwe lur rika-rika dolanan mbiyen sing paling dikangeni apa. Apa maning beda kabupaten ya, beda kecamatan bae biasane ana sing beda jenenge utawa dolanane. Jan yakin nyong ta kangen temenan nek ngelingi sing mbiyen-mbiyen. Kayong ayem temen ya. Salam ngapak, ora ngapak genah ora kepenak.

Subscribe

Enter your email and get attractive offers from us

Setiap kata yang kita tulis adalah cerminan dari apa yang kita pikirkan.